KPKL 169 Kadonyan Lan Kaswargan
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Tumengaa tyas lan mata
Ngisor tan ana lulus
Urip sih mukti sanyata
Mung aneng Gusti Yesus
Sagung nikmat ing bumi
Dhatan guna mring ati
Sing angajap urip nyata
Tumengaa tyas lan mata
2
Kasugyan kajena tiyang
Dhasar damel kapiran
Boten lami mesthi ical
Mas lan slaka lir gebal
Gusti, lamun sih Tuwan
Saged ngayemken manah
Kadonyan pundi pundia
Tan saged ngayemken driya
3
Urip langgeng ingkang mulya
Kang neng dhuwur sediya
Iku wajib den lurua
Tan katon, nanging nyata
Mata daging merema
Urip nyata neng swarga
Urip kang wajib ingarah
Urip mulya aneng Allah
4
Iba mulya ing warisan
Tansah ngabekti Allah
Tan mati, lara lan tiwas
Tanpa dosa myang salah
Laku suci sampurna
Mukti girang neng swarga
Urip langgeng aneng padhang
Peparinging sihe Allah
5
Adhuh Gusti tuking slamet
Kang yektos lan tan ical
Tan wonten pisan rahajeng
Anjawi saking Tuwan
Tuwan nyawisken kula
Dhateng swarga kang mulya
Nggennya wradin amemuji
Sih Tuwan kang anglangkungi
6
Mugi sagung tyang rujuka
Lan golongan mlaekat
Nggenipun tansah memuja
Sih lan kamulyan Tuwan
Inggih kawula puja
Trus akerat slaminya
Dene Tuwan kang nebusi
Klayan rah Tuwan kang suci
7
Dhuh Gusti iba rahajeng
Pitepangan Paduka
Estu yen anengsemaken
Ngewakaken kadonyan
Tuwan mugi anarik
Manah kula menginggil
Bandha kula wonten ngrika
Tuwan langgeng pinujia

OK